Thursday, May 21, 2015

Parikan (Pantun Jawa)

Ana 2 Jinis Parikan Yaiku :
1. Parikan sing dumadi saka rong gatra (Parikan Tunggal)
2. Parikan sing dumadi saka patang gatra (Parikan Rangkep)

Tuladhane Parikan Tunggal lan Parikan Rangkep
1.  Sepet-sepet sawone mentah
     Diempet-empet selak ra betah
2.  Wedang bubuk gula jawa
     Yen kepethuk ati lega
3.  Abang-abang godhong mengkudu
     Tak sayang sayang jebule budheku
4.  Wajik klethik gula jawa
     Luwih becik sing prasaja
5.  Manuk kutut manggunge banter
     Yen ra nurut bakal keblinger
6.  Keripik gedhang raja
     Sethithik edhang pada krasa
7.  Kecipir ngrambat kawat
     Nadyan gak mampir yen ketok liwat
8.  Manuk emprit mencok godhong tebu
     Dadi murid kudu sregep sinau
9.  Kembang jagung di pethik Landha
     Barang wis kadhung di kapakna
10 Tuku graji di buntel koran
      Pamite ngaji malah pacaran
11 Kulon kali wetan kali, Arep liwat ora ana wote
     Kulon gati wetan ya gati, Arep ditinggal padha abote
12 Sawonggaling wayange kuna, Sing digawe kayune jati
     Yen eling sambangana, Aja gawe larane ati
13 Nyapu ya nyapu, Yen ana ula aja dicuthik
     Mlaku ya mlaku, yen ana jaka aja dilirik
14 Esuk nembang sore nembang, tembange asmarandhana
     Esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka
15 Ning Jombang kampunge sengon, lemah geneng akeh wedhine
     Nadyan ora sambang nek kirim ingon, Nek ora seneng apa mesthine
16 Apa gunane meja lan kursi, Kuwi minangka palungguhane
     Apa gunane organisasi, kuwi minangka persatuane
17 Omah gentheng sapanana, Cagak pilar kapuren putih
     Abot entheng lakonana, Ati susah bakale pulih
18 Awan-awan aja kluyuran, Ana pak mantri numpak sekuter
     Kapan-kapan aku keturutan, Duwe kanca sinaune pinter
   

No comments:

Post a Comment

Terima kasih sudah membaca blog saya, silahkan tinggalkan komentar