Sunday, May 24, 2015

Tembang Macapat

Assalamu'alaikum Wr. Wb. 

Wonten mriki kula badhe bahas kedik babagan Tembang macapat.
Tembang inggih punika ulah suwanten ingkang ngginakaken basa jawi kang winengku ing sastra miwah ngagem laras slendro pelog.
Suraos/rasa ingkang wonten lebeting tembang, adat lupiya ingkang sampun ngemu tigang prekawis :
1. Pitutur/piwucal sae
2. Cangkriman
3. Wonten Cariosipun

Pathokan wonten Tembang Macapat :
1. Guru Gatra inggih punika pathokaning kathahing larikan/ baris
2. Guru Wilangan inggih punika pathokaning wanda/suku kata ing saben gatranipun
3. Guru Lagu inggih punika pathokaning dhawahing aksara vokal, ingkang mapanipun wonten wanda      wingking piyambak utawi telasaning gatra
4. Pada ( Bait ) inggih punika pathokan kathahing guru gatra, guru wilangan sarta guru lagu. Dados          sebataning pada punika, ing antawasipun tembang setunggal miwah setunggalipun benten-                  benten/mboten sami.

Jinising lan urut-urutane Tembang Macapat iku padha karo lakoni wong urip kawit njero wetenge ibu nganti tumekane pati. urutane kados mekaten :
1. Maskumambang, gamabarake jabang bayi sing isih ana wetenge ibune, sing durung reti lanang             wadhone, kumambang tegese uripe isih ngambang ning kandhungane ibu.
2. Mijil, gambarake wis jelas lair awujud lanang napa wadhon
3. Sinom, gambarake nom-noman, wektu minangka wong iso nimba ilmu sak akeh-akehe.
4. Kinanthi, saka tembung kanthi/tuntunan gambarake dituntun supaya mlaku ingkang sae wonten           ngalam donya.
5. Asmarandhana, tesgeipun rasa seneng/tresna, tresna marang liyan, wanita marang priya, priya             marang wanita, kang kabeh mau wis dadi kodrate Gusti Allah.
6. Gambuh, saka tembung jumbuh lan sarujuk banjur di gathukake antarane priya lan wanita mau           kang nduweni rasa tresna, supaya bisa urip mulya wonten masyarakat.
7. Dhandhanggula, nggambarake urip kang lagi seneng-senenge, apa sing dadi panjangkahe kawujud,     kelakon nduwe sisihan/bojo,duwe anak,cukup sandhang,pangan lan papan.
8. Durma, saka tembung darma/weweh/memberi, nggambarake wong yen wis cukup samubarange          banjur nduweni rasa kepengin sodaqoh marang sapadha-padha.
9. Pangkur, saka tembung mungkur kang nduweni teges nyingkirake hawa nepsu lan angkara murka.
10. Megatruh, saka tembung megat/pisah lan ruh/nyawa, nggambarake wektune wis sowan marang           Gusti Allah
11. Pocung, nggambarake wis ilang nyawane, banjur dibungkus mori putih/dipocong sak durunge             dikubur

Muga-muga wonten manfaatipun, sinambung malih wonten watakipun Tembang Macapat Wekdal sanesipun 

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Thursday, May 21, 2015

Ukara Tanduk (Kalimat Aktif) dan Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)

a. Ukara Tanduk ( Ind: Kalimat Aktif ) yaiku ukara kang jejere nindakake penggawean, ukara Tanduk     kuwi entuk ater-ater Anuswara, Ater-ater Anuswara M,N,Ng,Ny. tuladhane :
   - Roni mbungkus kado
   - Budi nendhang bal
   - Bowo ngangkat kerdhus
   - Ibu nyapu latar

b. Ukara Tanggap ( Ind: Kalimat Pasif ) yaiku ukara sing jejere dikenani penggawean. Ukara tanggap     kuwi dhewe entuk ater-ater Tripurusa Dak, Ko, Di. Dene tuladhane :
   - Bal ditendhang Roni
   - Sega jagung kopangan
   - Buku kuwi daksuwek
   - Tahu dipangan Herman

c. Ukara Kandha ( Ind: Kalimat Langsung ) yaiku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi             persis. Tuladha ukara :
  - Ratna takon marang Ratih, "Sapa sing menyang omahmu wingi bengi?"
  - "Aku arep budhal sekolah," kandhane Rudi
  - Bapak dhawuh, "Kowe kudu sregep sinau supaya lulus sekolah."

d. Ukara Crita ( Ind: Kalimat tak langsung) yaiku ukara sing nyritakake omongan liyan mung                 sarine/ringkese bae. Tuladhane :
  - Bapak ndhawuhi aku kudu sregep sinau supaya lulus sekolah
  - Siti nakoni Ratna bab sapa sing menyang omahku wingi bengi
  - Seto kondho menawa arep mangkat sekolah

Parikan (Pantun Jawa)

Ana 2 Jinis Parikan Yaiku :
1. Parikan sing dumadi saka rong gatra (Parikan Tunggal)
2. Parikan sing dumadi saka patang gatra (Parikan Rangkep)

Tuladhane Parikan Tunggal lan Parikan Rangkep
1.  Sepet-sepet sawone mentah
     Diempet-empet selak ra betah
2.  Wedang bubuk gula jawa
     Yen kepethuk ati lega
3.  Abang-abang godhong mengkudu
     Tak sayang sayang jebule budheku
4.  Wajik klethik gula jawa
     Luwih becik sing prasaja
5.  Manuk kutut manggunge banter
     Yen ra nurut bakal keblinger
6.  Keripik gedhang raja
     Sethithik edhang pada krasa
7.  Kecipir ngrambat kawat
     Nadyan gak mampir yen ketok liwat
8.  Manuk emprit mencok godhong tebu
     Dadi murid kudu sregep sinau
9.  Kembang jagung di pethik Landha
     Barang wis kadhung di kapakna
10 Tuku graji di buntel koran
      Pamite ngaji malah pacaran
11 Kulon kali wetan kali, Arep liwat ora ana wote
     Kulon gati wetan ya gati, Arep ditinggal padha abote
12 Sawonggaling wayange kuna, Sing digawe kayune jati
     Yen eling sambangana, Aja gawe larane ati
13 Nyapu ya nyapu, Yen ana ula aja dicuthik
     Mlaku ya mlaku, yen ana jaka aja dilirik
14 Esuk nembang sore nembang, tembange asmarandhana
     Esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka
15 Ning Jombang kampunge sengon, lemah geneng akeh wedhine
     Nadyan ora sambang nek kirim ingon, Nek ora seneng apa mesthine
16 Apa gunane meja lan kursi, Kuwi minangka palungguhane
     Apa gunane organisasi, kuwi minangka persatuane
17 Omah gentheng sapanana, Cagak pilar kapuren putih
     Abot entheng lakonana, Ati susah bakale pulih
18 Awan-awan aja kluyuran, Ana pak mantri numpak sekuter
     Kapan-kapan aku keturutan, Duwe kanca sinaune pinter
   

Tuesday, May 19, 2015

Jenenge Kembang ( Namanya Bunga )

  Jeneng Kembang/ Nama Bunga wonten basa jawa kathah sanget, lan saget dipun udar kanthi komplit milai kembang paling alit ngantos kembang ingkang ageng, punika tuladhane nami-nami kembang :

1.  Kembang Aren          Jenenge  Dangu
2.  Kembang Blimbing   Jenenge  Maya
3.  Kembang Cengkeh    Jenenge  Polong
4.  Kembang Cubung     Jenenge  Torong
5.  Kembang Duren        Jenenge  Dlongop
6.  Kembang Ganyong    Jenenge  Puspanyidra
7.  Kembang Gedhang    Jenenge  Ontong (tuntut)
8.  Kembang Gembili     Jenenge  Seneng
9.  Kembang Jagung       Jenenge  Sinuwun (Jeprak)
10 Kembang Jambu        Jenenge  Karuk
11 Kembang Jati             Jenenge  Janggleng
12 Kembang Jengkol      Jenenge  Kecuwis
13 Kembang Kacang      Jenenge  Besengut
14 Kembang Kapas        Jenenge  Kadi
15 Kembang Kara          Jenenge  Kepek
16 Kembang Kecipir      Jenenge  Cethethet 
17 Kembang Kelor         Jenenge  Limaran
18 Kembang Kencur       Jenenge Sedhet
19 Kembang Kluwih       Jenenge Onthel
20 Kembang Kopi           Jenenge Blanggreng
21 Kembang Krambil     Jenenge  Manggar
22 Kembang Lamtara     Jenenge  Jedhindhing
23 Kembang Lombok     Jenenge  Menik
24 Kembang Mlinjo       Jenenge  Uceng
25 Kembang Nangka      Jenenge  Angkup
26 Kembang Pandhan     Jenenge  Pudhak
27 Kembang Pete           Jenenge  Pendul
28 Kembang Tela           Jenenge  Ingklik
29 Kembang Pring          Jenenge  Krosak
30 Kembang Salak          Jenenge  Ketheker
31 Kembang Tales          Jenenge  Pancal
32 Kembang  Tebu         Jenenge  Glagah
33 Kembang Timun       Jenenge   Montro



   

Monday, May 18, 2015

Jenenge Anak Kewan

Ana ing jawa akeh banget jeneng/aran anake kewan, jenenge anake kewan kuwi mau duweni arti ingkang werna-werna, tuladhane :
1.  Anak Ayam (Pitik)  Jenenge Kuthuk
2.  Anak Babi                Jenenge  Gembluk
3.  Anak Bandeng         Jenenge  Nener
4.  Anak Bantheng        Jenenge  Wareng
5.  Anak Banyak           Jenenge  Blengur
6.  Anak Baya               Jenenge  Rete
7.  Anak Bebek             Jenenge  Meri
8.  Anak Bulus              Jenenge  Ketul
9.  Anak Cacing            Jenenge  Lur
10 Anak Cecak             Jenenge  Sawiyah
11 Anak Celeng            Jenenge  Genjik
12 Anak Coro               Jenenge  Mendhet
13 Anak Dara               Jenenge  Piyik
14 Anak Gagak            Jenenge  Engkak
15 Anak Gajah             Jenenge  Bledug
16 Anak Garangan       Jenenge  Rase
17 Anak Iwak              Jenenge   Beyong
18 Anak Jangkrik         Jenenge  Gendholo
19 Anak Jaran              Jenenge  Belo
20 Anak Kadhal           Jenenge  Tobil
21 Anak Kalajengking Jenenge  Ketupa
22 Anak Kancil            Jenenge  Kenthi
23 Anak Kebo              Jenenge  Gudel
24 Anak Kecapung      Jenenge  Jenthit
25 Anak Kidang          Jenenge  Kompreng
26 Anak Kinjeng         Jenenge  Senggutru
27 Anak Kethek          Jenenge  Munyuk/ Kenyung
28 Anak Kodhok         Jenenge  Precil
29 Anak Kucing          Jenenge  Cemeng
30 Anak Kupu             Jenenge  Uler
31 Anak Lawa             Jenenge  Kampret
32 Anak Macan           Jenenge  Gogor
33 Anak Manuk          Jenenge  Piyik
34 Anak Menthok       Jenenge  Minthi
35 Anak Merak           Jenenge Uncung
36 Anak Sapi              Jenenge  Pedhet
37 Anak Singa            Jenenge  Dibal
38 Anak Tawon          Jenenge Gana
39 Anak Tekek           Jenenge  Celolo
40 Anak Tikus            Jenenge  Cindhil
41 Anak Tuma           Jenenge   Kor
42 Anak Ula               Jenenge Kisi/ucet
43 Anak Walang        Jenenge Dhogol
44 Anak Wedhus       Jenenge  Cempe
45 Anak Yuyu            Jenenge Beyes