Sunday, May 24, 2015

Tembang Macapat

Assalamu'alaikum Wr. Wb. 

Wonten mriki kula badhe bahas kedik babagan Tembang macapat.
Tembang inggih punika ulah suwanten ingkang ngginakaken basa jawi kang winengku ing sastra miwah ngagem laras slendro pelog.
Suraos/rasa ingkang wonten lebeting tembang, adat lupiya ingkang sampun ngemu tigang prekawis :
1. Pitutur/piwucal sae
2. Cangkriman
3. Wonten Cariosipun

Pathokan wonten Tembang Macapat :
1. Guru Gatra inggih punika pathokaning kathahing larikan/ baris
2. Guru Wilangan inggih punika pathokaning wanda/suku kata ing saben gatranipun
3. Guru Lagu inggih punika pathokaning dhawahing aksara vokal, ingkang mapanipun wonten wanda      wingking piyambak utawi telasaning gatra
4. Pada ( Bait ) inggih punika pathokan kathahing guru gatra, guru wilangan sarta guru lagu. Dados          sebataning pada punika, ing antawasipun tembang setunggal miwah setunggalipun benten-                  benten/mboten sami.

Jinising lan urut-urutane Tembang Macapat iku padha karo lakoni wong urip kawit njero wetenge ibu nganti tumekane pati. urutane kados mekaten :
1. Maskumambang, gamabarake jabang bayi sing isih ana wetenge ibune, sing durung reti lanang             wadhone, kumambang tegese uripe isih ngambang ning kandhungane ibu.
2. Mijil, gambarake wis jelas lair awujud lanang napa wadhon
3. Sinom, gambarake nom-noman, wektu minangka wong iso nimba ilmu sak akeh-akehe.
4. Kinanthi, saka tembung kanthi/tuntunan gambarake dituntun supaya mlaku ingkang sae wonten           ngalam donya.
5. Asmarandhana, tesgeipun rasa seneng/tresna, tresna marang liyan, wanita marang priya, priya             marang wanita, kang kabeh mau wis dadi kodrate Gusti Allah.
6. Gambuh, saka tembung jumbuh lan sarujuk banjur di gathukake antarane priya lan wanita mau           kang nduweni rasa tresna, supaya bisa urip mulya wonten masyarakat.
7. Dhandhanggula, nggambarake urip kang lagi seneng-senenge, apa sing dadi panjangkahe kawujud,     kelakon nduwe sisihan/bojo,duwe anak,cukup sandhang,pangan lan papan.
8. Durma, saka tembung darma/weweh/memberi, nggambarake wong yen wis cukup samubarange          banjur nduweni rasa kepengin sodaqoh marang sapadha-padha.
9. Pangkur, saka tembung mungkur kang nduweni teges nyingkirake hawa nepsu lan angkara murka.
10. Megatruh, saka tembung megat/pisah lan ruh/nyawa, nggambarake wektune wis sowan marang           Gusti Allah
11. Pocung, nggambarake wis ilang nyawane, banjur dibungkus mori putih/dipocong sak durunge             dikubur

Muga-muga wonten manfaatipun, sinambung malih wonten watakipun Tembang Macapat Wekdal sanesipun 

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Thursday, May 21, 2015

Ukara Tanduk (Kalimat Aktif) dan Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)

a. Ukara Tanduk ( Ind: Kalimat Aktif ) yaiku ukara kang jejere nindakake penggawean, ukara Tanduk     kuwi entuk ater-ater Anuswara, Ater-ater Anuswara M,N,Ng,Ny. tuladhane :
   - Roni mbungkus kado
   - Budi nendhang bal
   - Bowo ngangkat kerdhus
   - Ibu nyapu latar

b. Ukara Tanggap ( Ind: Kalimat Pasif ) yaiku ukara sing jejere dikenani penggawean. Ukara tanggap     kuwi dhewe entuk ater-ater Tripurusa Dak, Ko, Di. Dene tuladhane :
   - Bal ditendhang Roni
   - Sega jagung kopangan
   - Buku kuwi daksuwek
   - Tahu dipangan Herman

c. Ukara Kandha ( Ind: Kalimat Langsung ) yaiku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi             persis. Tuladha ukara :
  - Ratna takon marang Ratih, "Sapa sing menyang omahmu wingi bengi?"
  - "Aku arep budhal sekolah," kandhane Rudi
  - Bapak dhawuh, "Kowe kudu sregep sinau supaya lulus sekolah."

d. Ukara Crita ( Ind: Kalimat tak langsung) yaiku ukara sing nyritakake omongan liyan mung                 sarine/ringkese bae. Tuladhane :
  - Bapak ndhawuhi aku kudu sregep sinau supaya lulus sekolah
  - Siti nakoni Ratna bab sapa sing menyang omahku wingi bengi
  - Seto kondho menawa arep mangkat sekolah

Parikan (Pantun Jawa)

Ana 2 Jinis Parikan Yaiku :
1. Parikan sing dumadi saka rong gatra (Parikan Tunggal)
2. Parikan sing dumadi saka patang gatra (Parikan Rangkep)

Tuladhane Parikan Tunggal lan Parikan Rangkep
1.  Sepet-sepet sawone mentah
     Diempet-empet selak ra betah
2.  Wedang bubuk gula jawa
     Yen kepethuk ati lega
3.  Abang-abang godhong mengkudu
     Tak sayang sayang jebule budheku
4.  Wajik klethik gula jawa
     Luwih becik sing prasaja
5.  Manuk kutut manggunge banter
     Yen ra nurut bakal keblinger
6.  Keripik gedhang raja
     Sethithik edhang pada krasa
7.  Kecipir ngrambat kawat
     Nadyan gak mampir yen ketok liwat
8.  Manuk emprit mencok godhong tebu
     Dadi murid kudu sregep sinau
9.  Kembang jagung di pethik Landha
     Barang wis kadhung di kapakna
10 Tuku graji di buntel koran
      Pamite ngaji malah pacaran
11 Kulon kali wetan kali, Arep liwat ora ana wote
     Kulon gati wetan ya gati, Arep ditinggal padha abote
12 Sawonggaling wayange kuna, Sing digawe kayune jati
     Yen eling sambangana, Aja gawe larane ati
13 Nyapu ya nyapu, Yen ana ula aja dicuthik
     Mlaku ya mlaku, yen ana jaka aja dilirik
14 Esuk nembang sore nembang, tembange asmarandhana
     Esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka
15 Ning Jombang kampunge sengon, lemah geneng akeh wedhine
     Nadyan ora sambang nek kirim ingon, Nek ora seneng apa mesthine
16 Apa gunane meja lan kursi, Kuwi minangka palungguhane
     Apa gunane organisasi, kuwi minangka persatuane
17 Omah gentheng sapanana, Cagak pilar kapuren putih
     Abot entheng lakonana, Ati susah bakale pulih
18 Awan-awan aja kluyuran, Ana pak mantri numpak sekuter
     Kapan-kapan aku keturutan, Duwe kanca sinaune pinter